Kamis, 11 September 2008

Lucu...judulnya guyonan lamaran boso jowo

Aku dapet forwardan email dr temen ku waktu kuliah, lucu dehh. baca ya, klo yg gak ngerti bahasa jawa ya.. maaf deh, aku copas dr emailku yahoo.
Nolak pelamar kerja cara basa Jawa HANYA KHUSUS YG BISA BAHASA JAWA SAJA.!!!
Alkisah di sebuah perusahaan besar di kawasan Keprabon, tengah melakukan
beberapa tes wawancara untuk "tidak" menerima calon karyawan baru, tentu saja
salah satu prasyaratnya adalah harus berbahasa EJD (Ejaan Jawa yg
nDaksempurna)..


Bagi yang tidak memahaminya nggih nyuwun sewu ... Boso Jawi ...Meniko
G : Kowe nduwe omah opo ora.....?
A : dereng....
G : Wah kowe ora iso ketompo nang kene
a : Lho kok ngaten........?
G : Mengko kowe mesthi ngajukne utang nang perusahaan.
a : Ah.. mboten kok, Sak janipun tiyang sepuh kulo
niku sampun sugih.
G : Yo malah ora ketompo
a : Lho kok ngaten.....?
G : Mengko kowe kerjo mung nggo hiburan, nongkrang
nongkrong ae, cathing terus

G : Kowe nduwe motor opo ora....?
b : Mboten.
G : Ora ketompo
b : Lho kok mboten ketompo ?
G : Mengko kowe mesthi njaluk bantuan kredit.
b : Sak janipun gadhah, ning tasih ten kampung, gampil
mangke kulo beto ngriki.
G : Wah malah ra ketompo....
b : lho kok ngoten
G : Tempat parkire wis ra cukup.

G : Kowé wis lulus sarjana tenan.....?
c : sampun pak....
G : Ora ketompo, kéné iki golék sing SMA aé, luwih
manutan lan bén mbayarémurah
c : Sak janipun kulo tasih badhe skripsi
G : Malah ora ketompo.....
c : Lho kados pundi to....?
G : Mengko kowé kerjo mung ngetik skripsi, lék wis
lulus mesti golék kerjo neng perusahaan liyo.

G : Kowé seneng guyon opo ora ?
d : Mboten pak, kulo serius nék nyambut gawé.
G: Ra ketompo.....
d : waa......kok ngoten?
G : Engko konco koncomu lan anak buahmu podho stress.
d : Sak jané nggih sekedhik sekedhik seneng guyon.
G: Malah ora ketompo.
d : Lho kok......
G: Engko kowé mung email emailan sing lucu.......

G : Kowé mau mréné numpak opo ?
e : Nitih mobil
G : Kowé ora ketompo
e : Sebabipun ?
G : Saiki BBM mundhak terus, mengko kowé njaluk
mundhak bayar terus
e : Wo, kulo wau namung mboncèng, kok
G : Tambah ora ketompo
e : Lho, lha kok ... ?
G : Mengko mung gawéné mboncéng mobil kantor. Ngrusuhi
!

G : Anakmu akèh opo sithik ?
f : Kathah pak
G : Kowé ora ketompo
f : Sebabipun ?
G : Nyambut gawemu ora jenjem, mung mikir gawe
uanaaaaaak terus
f : Lha wong namung anak adopsi, kok.
G : Tambah ora ketompo
f : Lho, lha kok ... ?
G : Gawé anak baé aras2en, opo manèh nyambut gawé

G : Kowé wis ngerti gawéyanmu durung ?
h : Dèrèng
G : Kowé ora ketompo
h : Sebabipun ?
G : Arep nyambut gawé kok ora ngerti gaweyané ?
h : Oo, nèk damelan niku mpun ngertos kok
G : Tambah ora ketompo
h : Lho, lha kok ... ?
G : Kowé rak mung arep keminter, to ?

G : Kowe ngerti kahanan kantor kéné durung
k : Dèrèng
G : Kowé ora ketompo
k : Sebabipun ?
G : Arep nyambut gawé kok ora ngerti kantoré ?
k : Wo, sekedhik2 mpun ngertos kok
G : Tambah ora ketompo
k : Lho, lha kok ... ?
G : Kowé senengané ngudhal-udhal wewadi kantor, to ?

G : Kowé kerep loro ?
m : Mboten
G : Kowé ora ketompo
m : Sebabipun ?
G : Mesthi kerep mbolos, wong arang2 gering
m : Wah, sakjanipun nggih asring
G : Tambah ora ketompo
m : Lho, lha kok ... ?
G : Kantor iki ora nompo karyawan pileren.

G : Kowé biso main Internét ?
n : mBoten
G : Kowé ora ketompo
n : Sebabipun ?
G : Perusahaan ora nompo BI (Buta Internet)
n : Wah, sakjanipun nggih saged
G : Tambah ora ketompo
n : Lho, lha kok ... ?
G : Mesthi ora bakal nyambut gawé, kakèhan dolanan
Internet, to? Ngenték-entekké pulsa !

G : Kowe waras opo ora?
o : Lha, kulo nggih waras to Pak.
G : Ra ketompo.......
o : Kenging nopo .....?
G : Mengko kowe mesthi ora krasan neng kene.
o : Niku rumiyin Pak, sakmeniko sampun rodo edan.
G : Malah ra ketompo......
o : Pripun to niki....?
G : Mengko aku duwe saingan..........

======*********===========
tiba'e kok yo edan to

30 komentar:

  1. wakakakakakaka.....lutchu tuenannnnnnn......

    BalasHapus
  2. emang lucu, eh bisa bahasa jawa to ? lam kenal ya

    BalasHapus
  3. bisa bangett.....orang jawa tulen mb....cuman jodohnya aja orang batak...hehe...

    BalasHapus
  4. ooo gitu ya... oya lagi mbobot to ? dijogo tenanan yo..

    BalasHapus
  5. iya mb...suwun y...neng rantau adoh saka keluarga y mb....kadang ngrasa dhewekan banget....( mb, bhs jawaku jelek banget apalagi klo krama....soalnya biasanya ngomong jawanya jawa gaul..itupun sejak dibatam uda jarang banget...hehe...)

    BalasHapus
  6. podo wae, bosoku yo amburadul, mangkane bahasa utamane anakku Indonesiah wae, Ibune ora pede, wedi sing methu boso kasar,ora sopan.

    BalasHapus
  7. iki sing nulis ancene edan tenan hehhehehehhee...sampe geliii banget aku mbaak...

    BalasHapus
  8. aku jg iso boso jowo mbak,
    tp jg isone kasar,
    lan aku lahir nang lampung,
    tinggal nang lampung jg
    tp bpk ibuku wong jowo,

    aku hasil 'persilangan' banyumas-sleman.. ^-^

    BalasHapus
  9. tapi tek wes adoh soko jowo, trus moco sing koyok ngene dadi kangen maneh ngomong jowo. ..klo yg suka nonton acara TVRI Jogya, tahun 92 an, ada profile Pak bina dan Den baguse ngarso, hehehe kangen aku, lucu, tapi nylekit

    BalasHapus
  10. ealah nduk..nduk.. wong jowo to tibake

    BalasHapus
  11. inggih mbak...

    tp suwi nang lampung,
    nang lampung akeh wong jowo mbak,
    71% loh! ^-^

    BalasHapus
  12. wong jowo semebar neng endi-endi yo ? demi sesuap nasi dan segenggam berlian hehehe

    BalasHapus
  13. nang jowo ra kebagian lahan mbak.. ^-^

    BalasHapus
  14. kekeke, rumput tetangga lebih hijau dr rumput sendiri. Btw itu hak tiap orang kok.

    BalasHapus
  15. makanya,
    wlpun kuliah merantau d bandung (jatinangor ding! ^-^),
    abs lulus mw blik k lampung aja,
    msh byk lahan ^-^

    BalasHapus
  16. weh, isih kelingan to ?
    hehehehehe......

    BalasHapus
  17. wah jelas terpatri di kepalaku. nylekitnya itu lo...

    BalasHapus
  18. emang lucu kok mbak, wong kok apes tenan

    BalasHapus
  19. wakakakkakakakkakaka....untung bapaku "wong jowo" jd ngerti :D

    BalasHapus